Sugeng rawuh ing Wikip�dia Jawa
bauwarna mardika abasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 74.107 artikel
Pagelaran binuka bal�t Ramayana Prambanan kang ginelar saka sasi M�i tekan Oktober.
Pagelaran binuka bal�t Ramayana Prambanan kang ginelar saka sasi M�i tekan Oktober.
Bal�t�Ramayana Prambanan iku tontonan kang nggabungak� jog�d lan sandiwara tanpa pacelathon, ingusung saka carita Ramayana lan ginelar ing cedhak Candhi Prambanan ing Pulo Jawa, Indon�sia. Bal�t Ramayana Prambanan minangka bal�t kang ajeg dh�w� mitontonak� bal�t Ramayana wiwit taun 1961. Pamilih� wujud bal�t kanggo mitontonak� wiracarita Ramayana iku amarga bal�t nengenak� obahing awak kanggo mahyakak� surasa, tanpa pacelathon, mula ingajab bisa dingert�ni para kang nonton saka man�ka latar wuri budaya lan basa. Carita Ramayana isi bab lelakon� Rama nylametak� Sinta kang dibedhog ratu Alengka, ya iku Rahwana. Gagrag bal�t Ramayana Prambanan iku ana cacah telu, ya iku gagrag Prambanan, Surakarta, lan Ngayogyakarta kang sumber� saka ciri obahan ing wayang wong. Bal�t Ramayana Prambanan lumrah kagelar saben dina Slasa, Kemis, lan Setu. Gelaran ing pagelaran binuka mung ing mangsa katiga. Kajaba iku, gelaran katindakak� ing pagelaran tinutup. (Wacacandhak�)


Mas Soemo Bojong (1942), filem cekak kang ngrembug tumekaning Jepang ing Jawa.

Wikip�dia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing man�ka basa (multilingual) tur ol�h dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa ba� kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing man�ka basa, mula ana Wikip�dia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong ol�h mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikip�dia iki. Teges�, kow� bisa m�lu ngripta utawa nggaw� artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihak� artikel kang dirusak, lan sapanunggalan�. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kow� bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban saperlu nuwuhak�, ngrembakakak�, lan ngregengak� Wikip�dia iki. Wikip�dia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo sapa ba� tur lelahanan (gratis). Kow� ora perlu mbayar saperlu nggaw� akun lan maca artikel ing Wikip�dia iki. Sapr�n�, wis ana 64.065 akun lan 74.107 artikel ing Wikip�dia basa Jawa. Ayo ng�wangi mbecikak� Wikip�dia Jawa iki!
Basa